Minggu, 21 Agustus 2016

PASRAH PONANG TEMANTEN KAKUNG / PASRAH PENGANTIN BERBAHASA JAWA



PASRAH PONANG TEMANTEN KAKUNG
Rinenggo ing agenging katresnan
Assalamu’alaikum Wr Wb
Mugi rahayu saha sih welasaning gusti ingkang maha welas, maha asih, satemah hambabar daya pangaribawa, ingkang tumindak dumateng kawula dasih, kacihna wonten ing salebeting ari kalenggahan punika, panjenengan sedaya dalah kula tasih kaparengaken kempal manunggal kanti karaharjan, kabegjan, tuwin kawilujengan.
Nuwun, nuwun, nuwun
kapareng kula ingkang sinaraya piniji panjenenganipun
Bapa ................ dalasan garwo, matur ing ngarsanipun
Bapa ................ sarimbit, lumantar panjenenganipun
Bapa ................ ingkang pantes tampi sagunging pakurmatan/ panakrama
Langkung rumiyin sumonggo sami manengku pujo hastungkoro wonten ngarsanipun zat ingkang amurbo waseso jagad sak liring gati purwa , madya, wasana, lulus raharja kasembadan kalis ing rubeda.
salawat tuwin salam kasanjungaken ing ngarsa dalem nabi agung Muhammad SAW lumeber sak kulowongso, saha sahabatipun.
Ing pengajeng-ajeng mugiyo panjenengan sedaya dalasan kula wenang tampi sih pitulungan awit alam gesang dumugi zaman delahan. Amin, amin, Ya Robbal ‘alamin.
Dumateng Panjenenganipun Bapa ................sekalian ibu, minangka kadang besan sutrisna satuhu pantes lamunto sinudarsono. Menggah gatosing sedya atur kula wonten ing ngarsa handiko sami, inggih punika talang basa saking panjenenganipun Bapa ................ kinen hamapahaken sekar cempaka saksele mujuding ponang temanten kakung.
Ingkang kaping sepisan kepareng ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur dumateng para sepuh saking brayat ageng bapa ................ sekalian ibu.
Parandene atur salam taklim mligi katur dumateng bapa sekalian ibu, kanti kedaling lati, Assalamu’alaikum Wr. Wb
Datan katalumpen puji pandonga tumrap para putra wayah ingkang kinasih
Dungkap ingkang kaping kalih, gandeng mujuding calon temanten kakung nun inggih A Bagus ................ minangka putra pembayun saking panjenenganipun bapa ................ dalah garwa, ingkang mijil saking tlatah ............... sampun ingarso panjenengan  awit saking menika kula pasrahaken ing panguwaosipun bapa ................ sekalian ibu.
Kanti panyuwun hambok bilih sampun sumadya ubarampening daup, kaparingo enggal kepanggihno kalian gegantilaning nala ingkang akekasih nimas ayu ................ minangka putra ingkang mijil pawestri saking bapa ................ dalah garwa.
Sinartan puji pandonga mugi hayu hayu ingkang tinemu tebih ing saru siku (lambang daup kalis ing sambikala)
Menggah kaping tiga bilih sowan kula mboten piyambakan hananging kanti hangirit para kadang pangayabing ponang temanten kakung, hambok bilih wonten saklebeting mara sowan kiranging trapsila , sudasita, minggahing tata krama , kula ingkang pinanggenah nyuwun aken lumebering piagung pangaksama dumateng keluarga ageng bapa ................ dalah garwa.
saha kula tansah hanglenggana, sakawit kirang pana anggenipun nampi paring piwarah saking para dwija, ing sahingga sedaya atur kula wonten kirang langungipun saha mboten adamel reno wonten ing penggalih panjenengan sedaya awit saking menika kersaha panjenengan sami handadalaken tambahing jalanidi lumebering diagung pangaksami, puput peputoning atur, kanti sesanti, jaya jaya wijayanti tan saha jaya ingkang kaesti
Assalamu’alaikum Wr Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar