Minggu, 21 Agustus 2016

TAMPI PONANG PANGANTEN KAKUNG / TERIMA PENGANTIN BERBAHASA JAWA



TAMPI PONANG PANGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr Wb.
Mugi sih welasing gusti ingkang hawujud katentreman, kabagas warasan, karaharjan dalah agenging kanugrahanipun mugiyo tansah cinande, tuwin hanjumenengi dumateng handika sami lurading sagung dumadi.
 Nuwun, Nuwun kulo nuwun.
katur dumateng panjenenganipun bapa ................ tuwin ibu minangka kadang besan sutrisna ingkang pantes hanampi sagunging pakurmatan, saha dumateng panjenenganipun bapa ................ minangka duta wicara saking panjenenganipun bapa ................ sekalian garwa ingkang minulya. sumrambahing sedaya pangayabing ponang temanten kakung ingkang mijil saking tlatah ................ ingkang sinuba sinudarsana.
dumateng panjenenganipun bapa ................ minangka kadang sutrisna saha bapa ................ nuninjih duta wicaranipun ingakng sinudarsana, lumebering pangayabing ponang temanten kakung ingkang sadu ing budi darma.
bilih wigatosing gati atur kulo wonten ing ngarso handika sami kinen hanampi wosing gati serawuh panjenengan sami.
hananging sak derengipun kula ngaturaken wosing gati ning setja kula nderek asmaning gusti ingkang maha tunggal sakawit lampah panjenengan sami wiwit dalemipun bapa ................ (besan) ngantos dumugining papan sedyaning sedya punika, datan manggih gopa rencana
parandene salawat saha salam mugiya tansah kunjuk dumateng mustikaning jagad haneggih kanjeng nabi agung Muhammad SAW ing pangajab mugiyo tansah pikantuk sih rahmatipun wiwit alam dunyo ngantos dumugining akhirat. Amin, amin ya Robbal ‘alamin
nun inggih panjenenganipun bapa ................ ingkang dahat sinudarsana. bilih panjenenganipun bapa ................ lumantar kulo kepareng hangaturaken kasugengan menggah serawuh panjenengan sami kanti ngaturaken sugeng rawuh
parandene atur sungkem pangabekti puji pandongo tuwin salam taklim kulo tampi kanti kedaling lati wassalamu’alaikum Wr Wb
lan sak estu ing sak mangkeh kula aturaken dening ingkang kawegan. ananging kulo ugi titip sungkem pangabekti mugi katur para sepuh dalah pini sepuh saking keluarga ageng bapa ................ ingkang tinilar wonten dalem parandene puji pandonga mugi katurna tumrap para wayah ingkang kinasih.
atur panjenengan anggenipun hamasrahaken ponang temanten kakung ingkang akekasih A Bagus ................ kaleres putra panjenenganipun bapa ................ ingkang mijil saking tlatah ................ saestu kulo tampi kanti lila legawaning penggalih saha gegandeng uba rampening daup sumadya jangkep, saking punika inggal kapanggihna kalian kusumaning wala hanenggah rara ayu ................ minangka putra ingkang mijil pawestri saking  panjenenganipun bapa ................ wonten ing upacara daup , sinartan puji pandonga mugi lampahing daup keparing karaharjan tebih saking rubedo.
saha hambok bilih panjenenganipun bapa ................ anggenipun serawuh panjenengan sedaya tepanging tanggap, tangguh aruh, gupuh miwah lungguh, samudra pangaksama dumateng panjenengan sedaya, saha panjenenganipun bapa ................ tansah hamantu mantu dumateng panjenengan sedaya , ampun ngantos kasesa kondur ngersaha lenggah kanti mardu mardikaning penggalih wonten papan ingkang sampun sumadya.
ing saestu kula pitados bilih sedaya pagelaring atur kulo, awit kawitan tengahan dumugining pungkasan tansah katah cacat, cicit, cewet tembung, saestu nalisir saking kaleresan awit saking punika kula tansah hanglenggana bilih kiranging pana anggenipun nampi piwarah para dwita, awit sedaya punika mugi-mugi panjenengan kersa nglodangaken penggalih kanti hangleberaken samudra pangaksama dumateng kula
minangka pamungkasing atur kanti asesanti, semanten kula matur katah ingkang kelantur –lantur , tuwin keladuk ing atur, nyuwun apuranta ingkang datan pa ukur
Wassalamu’alaikum Wr Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar