Jumat, 30 September 2016

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum Wr Wb
Dumateng panjenenganipun bapak Budiyono, S.Pd, M.Pd minangka pangarsa SMP N 1 Sumowono ingkang satuhu kinurmatan, dumateng bapak ibu guru dalah sedaya karyawan SMP N 1 Sumowono ingkang kula bekteni, saha rencang-rencang lan adik– adik kelas VII, VIII, ingkang kula tresnani
Puja puji syukur  dumateng gusti ingkang maha agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dene kula panjenengan sami, saengga saged makempal wonten adicara perpisahan kelas IX kanti wilujeng widodo boten wonten satunggal rubeda.
Shalawat sarta salam mugi tetep kapareng dumateng nabi Muhammad ingkang kita tengga syafa’atipun.
Mugi kapareng kula Olimpik Hiburan minangka wakilipun kelompok H matur dumateng bapak/ibu guru dalah  rencang-rencang ingkang rawuh wonten mriki
Ingkang sepisan kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dumateng bapak / Ibu guru anggenipun sampun paring piwulangdumateng kula dalah rencang-rencang sedaya mboten saged atur piwales punopo-punopo namung saged dungakaken mugi-mugi bapak / ibu guru angsal rohmatipun saking gusti Allah.
Ingkang angka kalih kula atas nami rencang-rencang ngaturaken pangapunten ingkang katah dumateng bapak / ibu guru menawi sampun damel susah payah panjenengan wonten wonten  tigang warsa punika.
Ingkang angka tiganipun dumateng adik-adik kelas 7-8 kula sak rencang nyuwun doa restunipun, dumateng bapak/ ibu guru kangge nerusaken pawiyatan ingkang inggil.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur, kula tansah mawantu-wantu nyuwun angunging panuwun tanpa upami, kula akhiri
Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar